B. Daerah

Pertanyaan

plis bantu aku siapa yang tau biografi/karangan RA kartini yang berbahasa jawa

1 Jawaban

  • Radèn Ajoe Kartini

    Miyos Jepara, 21 April 1879
    Séda Rembang, 13 September 1904
    Jabatan Cithakan:Bendera Indonésia Pahlawan Nasional R.I.
    Garwa Radèn Adipati Djajadiningrat
    Radèn Adjeng Kartini utawi langkung leres Radèn Ajoe Kartini, (Jepara, 21 April 1879 utawi 28 Rabiul Akhir taun Jawi 1806-Rembang, 17 September 1904), punika satunggiling pahlawan nasional R.I. Panjenenganipun satunggiling tokoh wanita saha tokoh pendidikan Jawi. Radèn Adjeng Kartini punika asalipun saking latar priyantun Jawi. Sanajan panjenenganipun putri saking R.M. Sosroningrat saking garwa ingkang sepuh piyambak, nanging saking garwa ampil. Kala punika poligami punika limrah lan dipun-anggep biyasa kémawon. Kartini piyambak pirsa manawi prakawis punika ndadosaken risakipun saha pasulayan ing antawis anggota kulawargi, dados piyambakipun boten sarujuk. Prakawis punika amargi piyambakipun naté sinau ing sekolah Walandi.

    Radèn Adjeng Kartini punika satunggaling putri saking kulawarga Bupati Jepara ingkang dipunparingi tenger Kartini. Tanggal samangké déning bangsa Indonésia dipunpéngeti dados dinten Kartini. Kartini punika laré ingkang nomer gangsal saking Bupati Jepara. Déné pambajengipun, R.M.Sasraningrat, panengakipun R.M.Sasrabuana, panengahipun R.A.Cakradisasra, lan semendhinipun R.M.Sasrakartana. Radèn Ajeng Kartini punika pejuang émansipasi wanita Indonésia. Panjenenganipun ingkang sampun ngupadaya supados drajadipun wanita saged sami kaliyan priya.

    Nalika jaman samanten, tiyang èstri boten kepareng sekolah kados déné priya. Manawi sampun ngancik yuswa rumaja lan dipunanggep patut dhaup, tiyang wadon lajeng dipunpingit. Dipunpingit tegesipun boten pareng medal saking griya supados saged dipunwulang katrampilan-katrampilan ngenani padamelanipun wong wadon saéngga saged dados garwa ingkang saé. Adat kados makaten sampun limrah lan turun-tumurun ing jaman samanten. R.A.Kartini ugi dipunpingit déning tiyang sepuhipun. Sejatosipun Kartini kepéngin uwal, boten kersa dipunpingit, nanging piyambakipun boten saged. Ing salebeting pingitan, Kartini asring ngirim layang marang kanca-kancanipun saéngga kawruhipun ugi nambah.

    Sinaosa dipunpingit Kartini ugi tansah sregep sinau kanthi buku-buku ingkang dipunbektakaken kancanipun, Nyonya Abendanon. Saksampunipun dipingit, nalika tanggal 8 November 1903 R.A.Kartini dipundhaupaken kaliyan Radèn Adipati Jayadiningrat. Sinaosa sampun dhaup, pangudinipun Kartini boten mandheg malah sansaya adreng anggènipun ngangkat drajadipun kaum wanita. Gegayuhanipun dipunsengkuyung déning garwane. Piyambakipun ngadhegake sekolah kagem para putri ingkang kepéngin ngudi ngèlmu. Nalika tanggal 17 September 1904 antawisipun sekawan dinten saking anggènipun kagungan putra, Ibu Kartini kapundhut ngarsaning Gusti. Nanging, sedanipun kala wau boten ateges purnaning perjuangan emansipasi wanita. Perjuangan emansipasi wanita terus dilakoni saéngga dinten samangké wanita saged ucul saking jiretan adat pingit. Wanita nduwé hak padha kaya hake priya. Wanita bisa sekolah lan ngudi ngèlmu ing pawiyatan luhur kaya déné priya.

    Semoga membantu

Pertanyaan Lainnya